*************************************************************************************************************************** P E P A C U H ***************************************************************************************************************************
Wedharing wyata mirid gempilaning piwucal Aji Pamasa
1. Mangkya nenggih sastradu nayadhi, tinilingna walering darana, ywa sisip ing pangertiné, janma kudu mituhu, pratélané sapta pracèki, lamun dipun upaya kinemat ing kalbu, samubarang kang linakya, sarwi mapan nora badhé damel tuni, suka tentreming rahsa.
2. Kang ginelar wyataning suyati, tlatènana kang pitung prakara, amrih dadi lantarané, datan gampil kinelun kalulun ing wawatak nisthip, linepat king deksura tinebih panyaru, tan damel pilalaning lyan, kosok-wangsul wèh ayem dasih sadyèki, temah manggih raharja.
3. Apa baya kang pitung prakawis, sinirika cidra lan pitenah, yèku warah kapisané, kaping kalih puniku, dyan sentana ywa dèn alingi, sagung tumindak lupa winastanan luput, ping tiga ywa mawang kadang, pangadilan jinejegna kanthi titi, tan pilih-pilih janma.
4. Catur angger ugering prarepi, tan mélik mèt artaning punggawa, dalah mundhut putrèstriné, dé kaping gangsalipun, aywa nganti anglalarangi, olah pangupajiwa sasamining manu, songgarunggi mring kawula, dèn ugemi pitutur kaping sat niki, pinuntua ing driya.
5. Kang wusana pitutur saptèki, lamun ngambah margining utama, udinen mrih lestariné, nora gampil kayungyun, kapiluyu lampah basiwit, tan remen cacaketan klayan watak margu, sirik cengil pasulayan, anebihi gegelah regeding bumi, nging pedak kautaman.
6. Mangkya kiyé gelaring pangerti, paugeran kang pitung prakara, istingarah munpangaté, piguna mring kang ngluru, dadya tales tanduking karti, prenah prandéné laras salir tindakipun, mahanani kasudibyan, temah kalis watak umbag klawan edir, sinantun paramarta.
7. Pradikané wawaler pratami, kang sinebat cidra lan pitenah, winedhar wiyar tebané, suka serep ing semu, seserepan wiraos prati, damel padhanging prana nebihken bebendu, nuntun mring lempenging lana, istingarah kang tinuju tan nalisir, nalusur woting darma.
8. Pracékané janma luhur kaki, datan arsa guna pasang kala, njijiret sapapadhané, tan bungah lamun nemu, siku dhendha nlikung sasami, nora ngungalken jaja yèn asanès lesu, datan asurak susuka dupi miyat panandhanging sapadhèki, luluh welas nalangsa.
9. Tembung cidra sinawung punagi, ngandhar-andhar winuwus nglengkara, péndah madu mamanisé, nging sapawingkingipun, nggémbol upas kang niniwasi, nukulaken panandhang tuwin tilar latu, raos bentèr nguntar-untar, wisayané karaos awrat ngantebi, lir kanteban antaka.
10. Ywan wus wani nglairken prajangji, poma-poma dipun tetepana, netes sagung pangucapé, nora lèmèr ing wuwus, nguwus-uwus tan ana dadi, tetembungan dèn arah jumbuh kang sinaguh, tumapak ing lalampahan, datan lumpuh karana kaot sinanggi, wèh sengsem mring tyasing lyan.
11. Lamun sumanggem tanduking gati, dipun éling niyat kang utama, pinurih saged rampungé, tékad kang wus pinuntu, aywa wudhar tanpa pangaji, wawataking satriya sirik colong playu, datan ngucirèng ngayuda, andhepipis ndhelik winengku raos jrih, nilaraken palagan.
12. Panjangka kang dadya lenging ati, antepana minangka ubaya, pinétang utang èstinè, lamun maksih linuru, kaanggepa dèrèng nglunasi, siyang-ratri tan kendhat nggènipun dhedheku, nunuwun Hyang Murbèng Suksma, istingarah gung pangajab temah dadi, tan cidra ing ubaya.
13. Jejering titah sawantah kaki, mokal lamun kalis ing sasanggan, kang wus dadi pepesthèné, milaur urip iku, amituhu kanthi taliti, tegen rigen pralaga tlatèn miwah tekun, tan bosenan nora wegah, angugemi pakaryan kanthi permati, teguh maring bebahan.
14. Lamun sirik watak ngadi-adi, tlunyar-tlunyur miwah lèlèmèran, dhemenyar pepénginané, tan kablithuk pandulu, gampil sengsem kang katon èdi, nanging mugen manunggal genah kang tinuju, nering laku nora léngah, istingarah andika manggih basuki, linepat saking papa.
15. Kénging winastanan cidra ugi, karem donya wah malih pangwasa, nanging mamak wawatesé, tan darbya raos rigung, kanthi nranyak ngrabasa gahi, nyahak wewenanging lyan kécalan pakéwuh, kang dèn bujung pakareman, watanira suker tan béda wewerri, buteng ribeng krodhanya.
16. Paran nggènira nyepeng sumangi, setya tuhu bekti mring Hyang Murba, ywa cidra gung pepecehé, prancana tan dèn ugung, temah ndadra misésa wathi, tundhonipun nalangsa nalisir king wangsu, tilar salir manah sonta, kusung-kusung kemrungsung kécalan santi, angulari papaka.
17. Dipun tlatèn samya angulari, murih dadya manuswa bisama, ywa gampil mupus tekadé, ywan rumpil lampahipun, upayanen kanthi sasmreti, saswih maring Hyang Murba tumus sanggya manu, tebih saking tutur cidra, nging maujud datan mandheg katamarti, satemah pinitaya.
18. Menggah tuduh ingkang gung utami, kanthi wijang kawrat sastracetha, tumètès kadya kusaré, rinumpaka ing tembung, basagita adi wigati, susmaya prabaning Hyang abyor cahya kitu, kang anecep wurukira, dhépé-dhépé gilig ing prana maniwi, kasmala binirata.
19. Poma éling swawi dipun luri, pranahara jatining manuswa, titah sawantah jejeré, cidra mring karsèng Ulun, iku teges nggénjah papati, apesé ngemping lara nyanyadhang bebendu, datan uwal king cintaka, ngundhuh wusa wisaya dadya mangangi, gesang datan piguna.
20. Sasing janmi swawi angupadi, dimèn pana tuduhing Hyang Suksma, aywa mblasar tumindaké, tan kéragan mring napsu, temah dyusdha niyak wastuti, nginger-inger wawaler mamada sastradu, leheng meleng mring pranamya, angulati bebener ingkang nayadhi, tumus dugèng dalaha.
21. Mangkya cidra tumraping akrami, jalu gini datan ana béda, kénging winastan pracoré, lampahnya pindha margu, undhuhané mrawata wèsdhi, basan pranamèng kapi wruh rukem kayungyun, lupa upasing walika, ngindhik-indhik pamrihé damel papati, mamanisé wisasa.
22. Wanti-wanti peceh parahati, pisan cidra angèl anguwalna, kumudu kang kapindhoné, katri wus kadi wuru, temah wasa nering prajangji, sengkeraning pralaga datan ana wèstu, parnoh sagung tindakira, kang dèn uja tan liya dityasmaraji, rongèh tansah walisah.
23. Wawaler tumrap sanggya pawèstri, ngumbar gujeng kucah liring nétra, adol ati sapa baé, dhadasar badan lugu, dupèh èdi ngelam-elami, kasukan kang binujung atilar pakéwuh, tan mangabisatya mring raka, lamun limpé ngaluyur ramban taruni, angrarantam pracéka.
24. Pan wus dadi sasakiding parwi, cegah hawa tahen ring prancana, rumaket-raket sasambé, was maring kakung tuhu, abiwadha setya hastuti, dyatmika neng nayadhi nging sirik salingkuh, tutura angarah-arah, ririh raras sinuprih katon mrak-ati, tansah saswih ring garwa.
25. Nora béda waler ingkang sami, tumrap priya kang wus balé wisma, burusa lair batiné, asisipat memengku, lubèr ing sih sarwi ngayomi, dadya gapiting braya ywa mingkuh pakéwuh, pantang pepes batosira, lamun manggya kèh sambé-kalaning margi, jroning gesang punika.
26. Dipun èmut ma nenem puniki, dhihin mantep ing pamilihira, ping kalih madhep atiné, katri marem mring jatu, kaping paté mawang ring rabi, pinindhakna wawadhah ringkih kaotipun, kalima mangabiwadha, garwanira dèn papanken rowang padmi, kanem mardawèng budya.
27. Poma-poma kenceng dèn cepengi, traping laku minongka manggala, catur wala pepindhané, sona ing setyanipun, myang turangga cukat ing karti, dwipangga datan kéguh saguh kang ginayuh, brekiti ing sregepira, siyang-ratri makarya tan wènten sepi, swawi dipun tuladha.
28. Aywa pisan cidra ing prajangji, tilar garwa kapéncut ing liya, awit awon pinanggihé, manah gampil kayungyun, kasulistyan aniniwasi, adhakan dadya tuman angèl mantunipun, lamun dipun turutana, amengangah ngangah-angah saya ndadi, becik dèn singkirana.
29. Kakaroné kasengsem tataki, tuhu bekti nggigilut wiyata, murih dadi lantarané, tentrem ing brayatipun, tumus harja miwah basuki, sumrambah tedhak-turun sapawingkingipun, sadaya samya pinerdya, dimèn pana warahing luluhur yekti, temah kalis rubéda.
30. Sabanjuré winedhar sastradi, apan baya winastan pitenah, nyarwètèh kedaling lambé, ngrarakit tembung lunyu, amemada sarta ngadili, ngumbar panyatur ala kèh panacadipun, alaning liyan dèn andhar, kaya-kaya beciké tan ana sami, klayan dhiri pribadya.
31. Tyang kang remen mbèbèrken wawadi, lir karaba muleg ing akasa, anguwus-uwus wuwusé, basda winewah bumbu, pamurihé saya wigati, sanès kinarya lalap uraping panyatur, nukulken wijining tikbra, dyan pracara ukara datanpa bukti, iku watak katbuta.
32. Tembung sisip sinusup kasisip, murih bisa sasap ing sasama, samakéyan sasolahé, kudu unggul binuru, nora ngétang katala sami, lumuh lamun prawadha kalindhih ing semu, mangungsir mrih kasumbaga, ancik-ancik kunarpanirèng sasami, jail lampah candhala.
33. Amemada sisiping sasami, nora béda gandaning kusana, lir bathang ingkang wus lungsé, bacin lamun dèn ambu, anderbala mbabar wewerri, parandéné si punggung pambeg wah kumingsun, kadi hakim kusalanya, angadili sapa-sapa ingkang wèsdhi, kasereng lir katwara.
34. Dipun émut ywan namung sawiji, ingkang yasa sanggyaning prarepa, tuwin jumeneng hakimé, tan liya mung Hyang Agung, kang kagungan gung kasugatin, misésa palimirma miwah paring bendu, dé manuswa iku sapa, kumawani kumlungkung ngadil-adili, tumanduk ring papadha.
35. Poma bisa mapanaken lathi, datan lèmèr ngumbar-umbar kata, kanthi permati empané, wit kasunyatanipun, ilat iku lir wisa mandi, dhahat karya sangsaya punapi kasumbung, lamun kalintu trepira, ing kawurya pranama adamel tuni, katiwang ing papaka.
36. Èmperipun kendhali turanggi, dipun trapken jroning cangkemira, sanadyan alit wujudé, ywan pinekak satuhu, temah gampil dèn kemudhèni, tumrah badan sakojur tan liya mung manut, makaten lidhah sanyata, dyan mujudken pérangan badan kang lengit, nging misésa mring janma.
37. Kadi latu nyalat wreksa langking, dyan sapletik bisa ngambra-ambra, temah mbesmi alas gedhé, makantar urubipun, ngalad-alad ambilaèni, ilat iku tan béda kadya hagni tuhu, lir jagading kadurakan, kang dumunung jro jiwa-raganirèki, dadya sangarakalya.
38. Angrèh sato teka langkung gampil, buron wana peksi raja-kaya, dalasan saisining wé, saged kadamel lulut, tan mangkono ilatirèki, nyata kalangkung lungit ywan kinarya tutut, pindha krodhaning denawa, nyembur wisa wisaya aniniwasi, surata siya-siya.
39. Klawan ilat padha muji Gusti, ngidung dhikir ing sawayah-wayah, kadi brahmana anggepé, kaya-kaya manekung, angèmperi panatagami, nging klawan lidhah ugi nyupatani manu, mijil king tutuk sajuga, ipat-ipat punapa déné wastuti, muspra datanpa guna.
40. Jihwa pindha landheping bedhami, lamun linga muwus ngayawara, pasulayan undhuhané, nyebar wijining tatu, datan mokal wawalar ndadi, nora gampil pineper kalamun katrucut, andhatengaken braminta, saraga gung ngebeki jro tyasirèki, lengka kang rinaosna.
41. Lir kusara mrentul wanci énjing, sumberipun saking alam raya, sung seger tanem-tuwuhé, watak asih tan sengkung, dadya daya ingkang nguripi, makaten imbanipun lidhah ingkang wèstu, nètèsken sarkara soba, sarasati binawa amangastuti, ngenut pangrèhing suksma.
42. Nadyan namung pérangan kang lengit, lamun mogèl mobah jroning latha, ananawur sarawa gé, kang dados panènipun, sakelangkung anggigirisi, waged dados kabegjan kalamun pituhu, nanging kosok-wangsulira, amangangi kalamun nyenyebar branti, pramila kang bisama.
43. Kang wasisdha tansah angulati, mring bebener wucaling bremana, sinartan manah kang sarjé, kasantyan kang dèn bujung, mekak hawa laksita juti, lidhah dipun kendhali tutur tan kalantur, sumimpang sagung pitenah, awiwéka mrih dadya harjaning janmi, yèku manuswa tama.
44. Salir wawengkaning janma singgih, tinalesken wisiking Hyang Suksma, kang kaajab mung bahagé, rurumpakaning wuwus, was winawas kanthi premati, leget mring kautaman priyatna ing tembung, wèh sarsa maring sasama, sèstu soba suka wicaga ring dasih, dharaka pramusita.
45. Pan wus langkep lingkabing pramodi, menggah warah cidra lan pitenah, dipun ening panampiné, lebetna manjing kalbu, dimèn menep jro sarasati, dadya daya paraya salir dhasdhi langut, langet langkananing lana, leng lumingling ngluluri pranamya dhani, ngulari rèh sampurna.
46. Mangkya dungkap warah kaping kalih, ywa ngalingi luputing sentana, awit ageng durakané, babasan ngingu-ingu, pringga dhusdha mutawatosi, walagang nggènnya lumung ywan datan kapugut, ngreregedi janaloka, wusna anjrah sulurnya angririsaki, wohira gung rudita.
47. Lumingkabing wawaler puniki, wus winedhar déning pramudika, tilingna kanthi luménggé, resepna kang satuhu, temah dadya daya basuki, ukara rinumpaka jroning sekar Pangkur, prihé sami pinungkurna, sagung trékah kang cengkah klayan prarepi, swawi dipun gatosna.
48. Murih harjaning puraya, poma-poma wicaga dèn ugemi, cepengana ingkang wastu, langkana tan wrin godha, upayanen paugeran priha tan wur, lumèng prabaning nagara, sumrambah kawula dasih.
49. Ywan pramoda dadya wasa, wit tan lengkep manira angluluri, dadya ura jroning dhatu, paraha sanagara, temah sisah lamun katala wus kusup, angèl dipun dandosana, jugar wigar kang kawuri.
50. Lamun ginadhuh wisésa, aywa gampil atilar silastuti, sanadyan tumrah ing bandhu, pakeken datan lirwa, nora ngugung dupèh sentananing ratu, dhusdha pinaring papaka, dharaka manggih astuti.
51. Kang wasisdha angrèh praja, gegebengan pradika gegyan adi, ywa parasama ring manu, linenggahna sapadha, siningkirna sagung dhasdhi angriridhu, murih kalis king dhuskarta, satemah lulus basuki.
52. Pirengwa dipun landhepna, piyarsakna gung pasambating kasi, kalamun datan pakantuk, kaadilan kang santya, sanadyanta dudu tuturasing ratu, ywan gesangipun kastura, tikbranira dipun sanggi.
53. Tumarah para sentana, kang gumendhung morang kèhing kintaki, kang dadya ugering dhatu, remen anunggyangtaya, amikara dupèh maksih tedhak luhur, aywa mangu pinidana, ngetrepi jejeging adil.
54. Aywa pisan darbé sedya, angalingi klepataning sentani, lampahnya aywa dèn ugung, niyak sagung prarepa, saya ndadi dhumateng wisésa wuru, nora idhep mring dadalan, muksapada kang linari.
55. Masiya maksih sudara, nanging remen miyala sasing janmi, becik tinerapan siku, dinendha sawatara, ingkang murwat klayan kalepatanipun, pamurih rèh jinejegna, ywa nganti amémérangi.
56. Nilep lepating sentana, paribasa babathang dèn kemuli, sanadyanta nganti brukut, wus datan kawistara, mongka sutra ingkang kinarya salimut, tetep dugi titi mangsa, kinuswa gandaning pati.
57. Aja dupèh kadang raja, tandang-tanduk sarwi ngéwan-éwani, panganggepipun kalantur, kascar-yan kalenggahan, kasyang asih kibir edir lawan umuk, apracara sagendhingnya, tyang alit tan ana wani.
58. Awasna pamawasira, wirahsané bebener duk inguni, basan badrak badan kramu, langking tan ana rega, nora bener kalamun tan dèn paèlu, sinikara siya-siya, kawuri amamalati.
59. Prayojana ingkang prama, nora gingsir kalindhih sagung pamrih, ngudi cantya aji mumpung, sentana dadya bala, tan nayuti sanadyanta tindak luput, binari asuka-suka, tundhoné angundhuh tuni.
60. Aywa wuru mring sarkara, mamanisé wisésa pinracadi, dupèh lelenggah ngaluhur, sanak kadang dèn uja, pinaringan wengan awawatak diyu, kethaha mring donya brana, prana winengku ing moksil.
61. Pan wus jamaking manuswa, lamun mukti padatan dadya lali, mring pangwasa kapiluyu, ical landheping rahsa, andrawili kasukan ingkang kabujung, mring dasih suka andaha, trékahnya anjurbalani.
62. Suka-suka parisuka, ngajak-ajak tingkahipun nyrambahi, dhateng sanak-kadangipun, jinarken ngambra-ambra, lamun lepat sengadi datan anahu, kupiya ywa kawistara, pinurih tiningal èdi.
63. Nggagadhang éndrasangsara, mring sentana mirah nggènnya andani, sinarujuk dyana luput, lumuh pènget myang warah, wit misésa datan wènten tembung klintu, samudaya kaleresna, tyang andèh tan ana wani.
64. Lamun kaladuk énaka, mangka murba wewenang angrèh kasi, tedhak turun dipun ugung, acongkak sosongaran, angandelken maksih dharahing ngaluhur, andé sangsaraning praja, anjuk risaking nagari.
65. Poma dipun waspadakna, ywan amengku wisésa nyakrawati, aywa kalulun ing napsu, tyas ura nir waskitha, kang satiti mulat sisiping tumanduk, nadyanta alit kéwala, bisa akarya papaki.
66. Kalamun dadi pramuka, pinitaya mangrèh jantraning nagri, andurasa labetipun, mélik dèn anjuk tebya, sung ancuta mring bebener datan indung, sirik nyilibken piala, pracékaning sentanèki.
67. Bangkit nahen sagung hawa, kaadilan tan kendhat dipun udi, tumrah kawula sadarum, tan ana béda-béda, wus samesthi kang lepat pinaring bendu, dadya pangungsèn sanyata, tumrap kang sami andasih.
68. Becik lamun paramarta, sung apura kawula ingkang lali, niyak gegebengan luhur, wus mratobat sanyata, nanging baya aywa kalimput ing semu, katalya ing panggraita, lampah dora datan maksi.
69. Mangkana traping trapsila, samektakna manah kadya udadi, nalar mulur tan kalantur, dyan loma pangapura, aywa mamang matrapi ingkang kalintu, pinta-pinta paneraknya, kadang kawula pan sami.
70. Utana lestari begja, titis mawas gelitaning prakawis, nora nilarken papacuh, ambuburu angkara, dupèh lagya ginadhuhan sendhang madu, mring asanès siya-siya, lepating kadang siningid.
71. Angunguja karsèng driya, catur wengis tumanduk ing sasami, basan tatanem gugrumbul, kemarung bobondhotan, undhuhané prahara gung sakelang-kung, waris sentana dèn uja, tan ana nohan nuhoni.
72. Kèh tyang sudra ananantya, tinilingna pasambat kawlasarsi, nora luwèh mring panglawung, dupèh sanès sentana, iku dudu wawantuning pangrèh luhur, luput winastan waskitha, kekeling kang dipunnèni.
73. Urip muspra nir sarkara, kakarèné tan liya sarwi rungsit, nglangut nenga namu-namu, ical jatining rahsa, dadya linglung nunjang palang kadé diyu, risak sakèhing ukara, wus tan wènten silastuti.
74. Latah remen andurkara, kibir edir jubriya sagung janmi, mring bebecik tan anaur, malah mamales ala, kosok-wangsul mring sanak-kadang sadarum, panyaruwé tan pinanggya, jinarken amurang tatir.
75. Makaten kababarira, ywan kaandhar pepeceh kang kaping dwi, andungkap warah katelu, yèku amawang kadang, nora béda klayan piwucal karuhun, menggah lengkeping ukara, sinekar Asmaradani.
76. Tanasing janma utami, ingkang tumrah gesangira, mring pakeken datan andor, ngugemi sagung wiyata, winedhar sang twijara, mahnani gancaring laku, linepat salir rencana.
77. Aywa nganti atatawing, ngandelken kadang sentana, dupèh maksih dharah dhéwé, nanging pasemoning nitya, tan kénging pinitaya, rongèh jlalatan ing semu, tan pantes sinung kawiryan.
78. Dyan kadang lamun tan becik, nora untung rinaketan, bisa dadi kajalomprong, angajak-ajak sangsara, tiwas tuwas wuntatnya, wasna kaduwung ing kalbu, nanantya datan piguna.
79. Ruruh rentahing andani, pinaringken ring sasama, kang amiji karsèng Katong, tuturasing kretiyasa, pantes dèn pedakana, tulakang dadya babayu, kukuwating anggyanira.
80. Saking pasemon wus kèksi, wawantuning taluwanwa, remen narajang papakon, polah-tingkah sarawéyan, tan jetmika ing budya, gumuyu rasan sarwa sru, raos lingsem datan darbya.
81. Boten wurung tumut isin, winirang lampah dursila, nir kretyawan datan kalok, kèmbèt awoning sentana, murang kèhing pranata, kawurya tilar talutuh, temah angundhuh cintraka.
82. Alelengis sarwi rukmi, busana mawa lengkawa, pambeg ladak lumuh anor, rumaos trahing kusuma, pantes sinudarsana, iku wateké wong kumprung, kapengkok nora sembada.
83. Lamun ngrentahken paparing, kukucah gung kamirahan, jroning tyas adil kang dumon, nora mawang béda-béda, dharah punapi liya, piniji ingkang tuwajuh, bangkit angéntasken karya.
84. Lumingling sagung kajatin, datan kalèntu garjita, patitis salir pepunton, nora kawuh ing pangrasa, tulya kujanapapa, sung kawiryan maring bandhu, mongka lengka twasanira.
85. Dyan sanès darbé kawanin, tangginas ngrampungi karya, lumrah pinaring pambombong, sokur bagé linubèran, sarna donya sosoba, swawara asih sawegung, kadang konang binucala.
86. Ywa karya tyasing lyan kanin, wit paparing tan warata, pilih-pilih ingkang kanon, singa celak kang kadrasa, tebih nora tinenga, iku patrapé wong pengung, ngembrah dadi taluwanwa.
87. Sumimpanga king durniti, dumarusa myang diggama, bubujeng pamurih kalok, kakadang dinadya bala, asanès winiruda, daridya undhuhanipun, pawingking manggih katala.
88. Kalamun datan sawawi, bisa mengku saniskara, manah rupak nora kamot, teges sanès trah ngawirya, becik lamun rumasa, ngembat wisésa tan saguh, milaur mundur kéwala.
89. Dipun émut aja dumi, lagya darbé pangawasa, dériti marang sakèhing wong, nanging sanak-kadangira, dèn papanken ing ngarsa, mongka tan pengkuh ing kéwuh, makarya nora kawaba.
90. Tilingna ning ing kawathi, patitis pamawasira, gatosna ingkang sayektos, lamun paparing wisésa, aywa mawang sentana, kawanin suba tan sengkung, iku dinadya pramoda.
91. Kathah-kathahipun janmi, twasa kalimput dureta, wuru dhumateng pangwaos, mumpung maksih amisésa, morang sakèhing tata, sanak-kadang mitra-karuh, linenggahken papan éca.
92. Boten lingsem ing durniti, jirèh ingangkat kretyawan, lenggah twijara tyang parnoh, pandhir dinadya pangarsa, pingging sinuba dwija, ngangsu kawruh mring tyang blilu, mung krana maksih sentana.
93. Lagya kalampah samangkin, ing jaman kala katwara, mundhak-mundhak ing pakéwoh, néréndra nir ring sudarsa, bucal lampah tatakya, rèh praja déning babandhu, tilar warahing pujangga.
94. Darbéning lyan dèn talappi, kasereng nunten kawirya, sareng sentana sapunton, sarujuk jajarah samya, daruti semunira, tan béda bebegal lamun, naracak miwah ngrabasa.
95. Èwon-èwoning wong drengki, guyub ngambah durniminta, sugal diksura dèn soroh, sakadang cepeng wisésa, praja dadya puwara, garwakara sugih galu, kang nandhang wong sanagara.
96. Ywan wus kukumpul nyawiji, dundum brana duratmaka, béda apa tiyang awon, suka-suka sagendhingnya, nétra kawuh tan menga, suthik wruh roganing manu, tinengen mung kasukannya.
97. Dudu patraping wong singgih, mirungga maring sentana, mawang kadang lamun andon, suka dalajat pangkatnya, tanpa panitipriksa, kang winiyat dupèh bandhu, sanadyan sisipat dura.
98. Lamun mangsa kala dugi, jugar tataning puraya, gesang saraga wah kasor, drasa kaleban kasmala, kawurya dadya ura, ririsak datarpa duwus, katala katiwang marga.
99. Mring sasama gardhawari, aywa pilih-pilih jalma, sadaya titahing Manon, datan remen karya pringga, nging pinurih énaka, kasaénan amemengku, kawaba nandukken dardya.
100. Lamun becik mring sawiji, mongka gething dhateng liya, iku winih ingkang awon, remen anyelir sentana, mring asanès durcara, raos mèri ingkang thukul, tulakang panèn kasmala.
101. Nandukna bebener ugi, boten kénging kawa-kawa, tan mingkuh saking wawaton, miling-miling dupèh mitra, lilingen kang prakara, linimbang-limbang satuhu, kanthi lungiting pangrasa.
102. Nadyan tedhaking acedhis, nanging bener pratikelnya, pantes kalamun linakon, kosok wangsul dyan sentana, nging kasingsal ing budya, tinurut temah kalintu, nyimpang margining utama.
103. Mlarat donya datan pasti, asor ing bubudènira, makatena tiyang kalok, tan wastu luhur ing nala, becik lamun saranta, tinaliti kanthi turut, patitis pamawasira.
104. Pétanana kang priyatni, pundi titiyang pranamya, pratingkahipun tan parnoh, paraya anteng garjita, prayoga purugana, nora krana maksih bandhu, nging pradana pangawruhnya.
105. Miyat sudraning sasami, marma manah tinarbuka, thukul welas tan pitakon, maksih kèmbèt apa liya, iku nora prayoga, becik legawa tutulung, lila mardawa ing budya.
106. Wageda dadya palupi, jumbuh turasing ngawirya, nuhoni jejeging pakon, papakeming puruhita, janma paramatatya, madhangi kang puru-puru, ngruwat sanggyaning piroga.
107. Lakon jaman kalasrenggi, trékahé tiyang candhala, kadi réwanda saranggon, gendhon rukon tindak dhusta, tan ana jrih duraka, ywan lepat tutup tinutup, pinurih tan kawistara.
108. Wus sinerat jro pepesthi, tekané jaman drubiksa, nora maèlu piawon, sanak kadang dalah yoga, wuru kayungyun arta, wengis mamalak ing pémut, suthik nilingken wasita.
109. Mengker mangsa danawa ji, maksih tilar wawantunya, tan gampil luntur winasoh, santun ingkang baureksa, tindakira tan béda, srakah kethaha lestantun, ngungumbar saliting hawa.
110. Saking iring wétan semi, muncar-muncar poladannya, nging paéka kang dèn gémbol, ngimpun-impun sanggya mitra, sarana suka purba, cinegah lumawan sampun, ngogak-ogak pangu-wasa.
111. Kinarya kudhung agami, mangka wawaton dèn prusa, iku nyanyadhang pakéwoh, kang nunggil winastan bala, béda dèn anggep mala, temah puraya tan wèstu, dredah bangsa padha bangsa.
112. Tyang pengung mangrèh nagari, tindakipun dumarusa, nora jejeg mring wawaton, wit tan jajag rèh waskitha, mung bubujung hartaka, kaleng-gahan miwah dhatu, tilar waspaosing prana.
113. Pasemonnya ladak edir, mangathik kadang myang mitra, lirwa wisiking Hyang Manon, supé harjaning kawula, remen lamun pinuja, pangiring samya anglulu, pamrih antuk kang dèn sedya.
114. Pungkasing jaman dériti, lamun bénjang ana janma, mijil saking jro wewengkon, sudarpa asidikara, wadana ning susmaya, tan mawang kadang satuhu, adil tuwin paramarta.
115. Tyang kang mlarat datan langking, sugih tan mangéran bandha, migati mring sakèhing wong, suthik nenengen sudara, adil sagung prakara, tebih mélik cegah napsu, mungkul mring Hyang Widi-wasa.
116. Wus tan kapéncut ing daging, alus sakelangkung lembat, agal donya datan kamot, sasat Pangéran maraga, ngrucat salir angkara, jro riribed sonya tuhu, pupuja ngéntasi karya.
117. Meleng gilig kang dèn udi, harjaning rastala samya, datan kasengsem pambombong, kang damel rupaking jangka, nora mangathik jana, priha tindak tan kalintu, lepat boten kawistara.
118. Dungkap pungkasing wigati, wawarah mangrèh puraya, mirid karsaning Hyang Katong, sinambet wedharing weca, gelaring tanah Jawa, dyan mung samrica binubut, pantang lamun dèn badala.
119. Sinuprih tan morang margi, uwal saking lenging widya, suka pémut mring kang mirong, nyinyingkur aji pamasa, angedirken pangwasa, jinugag lingkabing wahyu, sambet wyataning twijara.
120. Piwucal catur puniki, prakawis mèt donya brana, kalayan angudi wadon, gegaran wenang misésa, tan luput ginayuha, mring panguwaos gumendhung, sapa wani mancasana.
121. Asring dadya ciri wanci, ingkang lagya amisésa, pongah awawatak rimong, nubruk buron ingkang ringkya, minongka tatadhahnya, makaten tyang alit iku, dèn mangsa nora suwala.
122. Menggah lengkeping kintaki, kacetha pupuh lajengnya, rinumpaka sekar Sinom, dyan kawedhar sakadarnya, manut gaduking nala, paripaos timun wungkuk, kinarya imbet kéwala.
123. Wus dadi jamaking janma, jro jaman mengeng puniki, ngasil-asil donya brana, raos lingsem wus kawuri, tebih tataning nagri, mring gebyar samya kayungyun, tur ginadhuh wisésa, saya wantun nerak margi, kang dèn bujung tan liya mung kasukannya.
124. Raos tuwuk tan kadarbya, sasat genthong ingkang ciri, masiya dipun grujuga, toya sablumbang saari, panggah datanpa isi, ngowos-owos maksih suwung, tangèh lamun marema, antuk leksa kurang kethi, puluh-puluh iku wataking drubiksa.
125. Becik wantuning walika, anguntal mangsanirèki, sapisan tumunten néndra, tan mosik nganti sasasi, kadya lampah tataki, nenedha sacekapipun, nora kaladuk hawa, ngangah-angah jroning budi, béda janma ingkang wuru mring pangwasa.
126. Mangiwut tatandho arta, bikut gènira nalapi, wus ical éwuhing rahsa, prawira datan kadarbi, mamak dhumateng gahi, waton antuk kang dèn bujung, dyan ngrebat uriping lyan, tegel tan èwed papati, welasarsa wus tebih saking pangrasa.
127. Tyang alit kadamel tumbal, dadya wadaling durniti, ringkih dipun kaniaya, kinarya ompaking wisdhi, pangadhuh tan praduli, nganung-anung aji pum-pung, murba gunging wisésa, kang badal dipun sirnani, songar dupèh tan ana wantun mamada.
128. Remen angalap ruruba, punapa déné upeti, mundhut lebon king punggawa, wah malih kawula sami, pangarem-arem mili, temah gesang tansah kogung, kecèh wang paribasa, tan nenga gegesing dasih, kang tinengen karemenaning pribadya.
129. Urip dadi salah kaprah, akarya ngungun ing ati, élok lamun rinasakna, nora barès malah mukti, nasar antuk astuti, kang jujur nandhang kalantur, blaka manggih antaka, resik winada tan wasis, puluh-puluh wus dugi lengkeping jangka.
130. Pawingking ngundhuh dahana, ingkang ngririsak nagari, karya uraning pranata, tumus gesangirèng dasih, bebener dèn tebihi, wusna samya andon napsu, lupa rèhing prawira, bubujung mulading kapti, praja jugar kawula buyar wuntatnya.
131. Ywan lepat gènnya mranata, musna lestarining nagri, wengkon samya ambalila, crah adredah rebat mukti, tilar tepaning sami, padha bangsa samya campuh, mangsah prang mumungsuhan, tan ènget raos manunggil, lamun kadhung kaduwung datan piguna.
132. Ical kuncaraning praja, puwara kasub jinawi, surem madyaning buwana, tan pinétang nagara ji, rinèmèh jro papaki, masgul wit datan pinunjul, gung asor dalajatnya, kondhang bangsa ingkang wengis, nora idhep tataning janma utama.
133. Prihatos lamun uninga, trékahing umat puniki, téga roga-ning sasama, béda gama dèn cengili, séjé bangsa sinengit, kadya wawantuning diyu, jro liliwunging wana, bubujeng buron kang ringkih, pinrawasa dèn gaglag kanthi kethaha.
134. Tebih saking asih darma, welas-arsa pan wus sepi, tan éman patining liya, dingkik-diningkik sasami, sak-serik saya ndadi, miruda padhaning manu, tyang mursid sampun sirna, saking lebeting nagari, kang tinengen duraka klayan dursila.
135. Tangané padha candhala, narajang sagung papali, agahan karem mring donya, kala jiret dèn pasangi, samya ngarah papati, panguwasa soroh napsu, munasika kawula, hakim remen wang upeti, pra pangarsa mutusi sukèng tyasira.
136. Angger-angger sinélakan, tinekuk-tekuk sakarsi, miturut kang asung arta, wus supé jejeging adil, babasan grumbul eri, ngrèrèndhèt ambancang laku, kemarung pindhanira, mitra tegel angapusi, wus tan ana kang kénging dipun pracaya.
137. Aja pasrah marang kanca, punapa déné pawèstri, ngalèyèh ing pangkonira, tan jejeg kedaling lathi, langkung kathah mapali, mantu lumawan si biyung, anak lanang tan bektya, marang bapa mamancahi, dugèng jangka jaman babaya cintraka.
138. Kalakyan ing jaman ika, tyang sugih remen ngapusi, kang mlarat tan pinracaya, dora cidra salir janmi, wawaler dèn campahi, nenedha tangèh atuwuk, padharan tansah luwya, sisimpen datan gadhahi, nyebar wiji tangèh angundhuh wohira.
139. Ngombéya maksih dahaga, tatamba panggah sakit, linipur saya dhuhkita, dèn nepken mubal andadi, éwuhaya ing budi, sinabarna dadya gugup, arsa aso kang sayah, langkung kesel kang pinanggih, lamun léna sungkawa nora kuwawa.
140. Atatandho rajabrana, asalipun king durniti, takeran sami dèn suda, traju ginanjel tan wèsti, watu timbangan cicir, kabèh pokal tangèh lugu, temahan kénging walat, ipat-ipating Hyang Widi, tan sempulur ginawa dugèng pralaya.
141. Nahen napsu nora kampah, ngumbar hawa tanpa budi, sengsem kasmaran wanodya, tan émut trapsilèng krami, tilar waskitèng kapti, dupi wus lenggah ngaluhur, nguja mubaling branta, suthik mirengna papali, nir tuladha sumimpang saking pranata.
142. Kayungyun mring kasulistyan, nyanyaput nering pangreti, ical waspaosing driya, kineluh liring pawèstri, supè walering margi, tan maèlu pager ayu, pakèwed tan kadarbya, winada nora malangi, lenging cipta mung juga tinurutana.
143. Rinungrum gampil arentah, lir lembu dipun patrapi, cinongok ing cungurira, kadi tyang bodho katali, babandan dèn adili, pindha kukila kapulut, babaya tan uninga, léna linepas jemparing, lamun kena panèn mamala antaka.
144. Poma-poma élingana, kang dadi walering margi, ngombéya ing belikira, ywa nglurug sanès parigi, myang liyan gampil mélik, ngandelken kuwasa-nipun, wenang mundhut babana, kalebet minta pawèstri, garwa yoga tan pinétang waton bisa.
145. Cacat menggahing pangarsa, lamun remen luru warih, kasengesem mring sendhanging lyan, ngasag-asag sapinanggih, raos èwed wus sepi, rongèhing manah kadlarung, parwi dasih ingalap, sinengguh dadya upeti, yèn mangkana ical prabawaning praja.
146. Becik lamun tinahena, atataki sawatawis, marema ingkang kadarbya, ywa malang tumolèh margi, tyas meleng ning nyawiji, muncar wibawaning prabu, sinuyudan kawula, pinitaya dipun aji, temah lulus sempulur kuncaranira.
1. sastradu = serat piwucal nayadhi = linangkung darana = sronta, santosa pracèki = pracéka, tindak, kemat = gendam, kawicaksanan, kaluwihan akal, lampah 2. wyata = wiyata, piwucal suyati = pandhita kalulun = kagubel, nisthip = awon, asor, kagulung cengil 3. sampun trawaca 4. prarepi = prarepa, nglarangi = ngadhangi, wawaler nyumpet, mepeti 5. margu = kéwan, sato pedak = caket, celak 6. sampun trawaca 7. pradika = wedhar, andhar, prati = hayu, langkung jlèntrèh 8. pracéka = tindak, lampah, akal 9. punagi = sumpah, ujar, wisaya = paéka, paekan prajangji pandamel awon 10.ywan = lamun, yèn 11.gati = temen, saèstu, tingkah, tata, ulah 12.sampun trawaca 13.pralaga = prasaben, prajangji 14.sampun trawaca 15.mamak = boten ningali, rigung = rikuh, rekah, boten sumerep, pakèwed boten nggatosaken ngrabasa = ngrisak, nrajang gahi = wawates wata = ujar, tembung wewerri = lelethek ribeng = boten mawi tatanan 16.sumangi = jangji prancana = panggodha pepeceh = papacuh, wawaler, wathi = raos, rahsa pitedah sonta = suci wangsu = prajangji santi = donga, puji, kidung papaka = siksa panguwuh 17.angulari = ngupadosi, nglari bisama = wicaksana sasmreti = manekung saswih = tresna, asih katamarti = kojah 18.sastracetha = serat papakem kusaré = ebun basagita = ukara susmaya = suci, langkung kitu = sorot, sunar kasmala = rereged, memala, maniwi = sowan, ngadhep sasakit 19.luri = turut pranahara = ngèlmi wusa = susah wisaya = paéka, paékan, mangangi = nusahi pandamel awon, nyisahaken duraka 20.sasing = sadhéngah kéragan = kayungyun, dyusdha = cidra kalimputan niyak = nerak, nrajang wastuti = panembah, sastradu = serat piwucal panyembah pranamya = manah linangkung nayadhi = linangkung dalaha = bénjing, tembé 21.jalu = priya, jaler gini = èstri, pawèstri pracoré = urakan mrawata = redi, ardi, arda wèsdhi = èwed, pakèwed pranama = mangsah, tumanduk kapi = wanara, kethèk rukem = dhuwet walika = sawer wisasa = kadidéné wisa 22.peceh = pepacuh, pitedah, prahati = guru, bingah piwucal wasa = risak, meksa, paksa pralaga = prasaben, wèstu = lestantun, prajangji yektos, pituhu parnoh = crobo dityasmaraji = saking tembung ditya-asmara-aji, kanthi teges: asmaraning denawa gung walisah = kuwur, boten jenjem 23.kucah = paring kanthi mirah mangabisatya = mituhu taruni = nèm-nèman pracéka = tindak, akal 24.sasakid = wawates parwi = pawèstri, laré èstri tahen = tahan, kuwagang, prancana = panggodha ngampet sasambé = weweling abiwadha = ormat, pakéring hastuti = pamuji, dyatmika = jinem, anteng, kèndel pangalembana 25.braya = brayat, bebrayan 26.mangabiwadha = ngormati, ngaosi mardawa = alus, lembat 27.wala = pager, ijèn, lomba sona = segawon turangga = kapal, kuda dwipangga = gajah, liman brekiti = semut 28.sampun trawaca 29.tataki = pitedah, pitutur, weweling pinerdya = pinerdi, kaperdi, kawucal, kawurukan 30.sastradi = serat piwucal 31.karaba = kebul basda = tembung tikbra = susah, ruwet renteng pracara = wicara, urakan katbuta = kadidéné danawa 32.katala = katiwasan mangungsir = amrih, mbujeng kasumbaga = misuwur, kawentar 33.kusana = panggènan awon wewerri = lelethek kusala = polah wèsdhi = èwed katwara = danawa 34.prarepa = wawaler kasugatin = kamulyan 35.kata = tembung, kasumbung = kawentar pitembungan kawurya = kawingking pranama = mangsah, tumanduk katiwang = kalunta papaka = siksa 36.turanggi = turangga, kapal, kuda lengit = alit 37.wreksa = uwit langking = garing sangarakalya = naraka 38.wisaya = kadidéné wisa surata = tumbal lungit = landhep, lancip 39.wastuti = panyembah 40.jihwa = ilat, lidhah bedhami = dadamel braminta = susah, kasusahan saraga = susah linga = wicanten, ucap lengka = pait, langu wawalar = prahara pineper = dipun peper 41.kusara = ebun, tètès sengkung = umuk wèstu = yektos, tuhu, èstu sarkara = madu, legi, gendhis soba = saé, asri, bingah sarasati = cipta binawa = padhang, gebyar 42.lengit = alit amangangi = nusahi latha = cangkem, tutuk branti = kasisahan sarawa = swara bisama = wicaksana 43.wasisdha = wicaksana bremana = pandhita sarjé = sarju, rena kasantyan = katemenan laksita = lampah juti = awon, piawon awiwéka = prayitna, sumerep 44.wawengkan = pikir, pangangen bahagé = begja leget = greget priyatna = wiwéka, ngatos- sarsa = bingah atos soba = saé, bingah wicaga = pikekah dharaka = sabar, sarèh pramusita = wiyaring manah 45.langkep = jangkep pramodi = pramoda, uger- sarasati = budi, cipta uger paraya = budi, manah dhasdhi = piawon, paékan langut = tebih langet = labet langkana = sembada lumingling = mandeng, nyawang pranamya = manah linangkung dhani = saé, adi 46.pringga = èwed, pakèwed dhusdha = awoning manah lumung = elung, semi janaloka = jagad rudita = kasisahan 47.lumingkab = gumelar pramudika = para luhur luménggé = ndhangak prarepi = pitedah 48.puraya = kadhaton wicaga = pikekah wastu = estu, jangkep langkana = sembada wrin = ajrih wur = ical, wudhar lumèng = sumorot, kumutug priha = amrih, pinurih 49.pramoda = uger-uger wasa = risak, meksa dhatu = ratu, raja paraha = praha, wradin katala = katiwasan kusup = lungsé, kasèp 50.bandhu = sentana, kadang dhusdha = awoning manah papaka = siksa dharaka = sabar, sarèh, samadi 51.wasisdha = wicaksana parasama = pilih-kasih dhasdhi = piawon, paékan dhuskarta = boten rahajeng 52.pirengwa = pamireng santya = penggak, temen kastura = kawelasasih tikbra = susah, renteng 53.morang = ménggok, murang kintaki = serat anunggyangtaya = mitenah mikara = nyikara, makèwedi 54.prarepa = ipat-ipat, wawaler muksapada = swarga, delahan 55.miyala = ngawoni sasing = sadhéngah siku = paukuman mérang = isin, nglilingsemi 56.nilep = ngumpetaken kinuswa = mambet, kaaras kaambet 57.kascaryan = kasengsem kasyang = kecalan pracara = wicara, urakan 58.badrak = kéré kramu = wadhag, agal langking = garing sinikara = dipun sikara 59.prayojana = budi, sedya prama = linangkung, suci cantya = mukti, saé nayuti = malangi, ngadhangi binari = kalayan, sinambi 60.sarkara = maben, legi pracadi = pracaya prana = manah moksil = mélik 61.andrawili = boten kendhat dasih = kawula andaha = mulasara njurbalani = ambilaèni 62.anahu = sumerep, ningali kupiya = ngudi, usaha 63.éndrasangsara = paéka, paékan andani = anyaèni andèh = éwa 64.enaka = kamuktèn kasi = welas, kawula andé = damel, ndadosaken anjuk = nuju 65.kalulun = kagubel, kabuncang ura = bibar, risak waskitha = patitis, wicaksana papaki = papaka, siksa 66.pramuka = pangarsa, pangajeng andurasa = nyuwuraken ancuta = tuladha indung = pangling 67.nahen = nahan, ngampet andasih = ngawula 68.paramarta = agung ing niyak = nerak pangapunten katalya = kacandhet maksi = sumerep, mangertos 69.udadi = samodra, seganten mamang = mangu-mangu 70.utana = amrih siningid = kaumpetaken 71.nohan = begja, kaluwihan 72.nanantya = nguwuh, ngucap panglawung = kasisahan kekeling = sisah, kasisahan 73.rungsit = reribed, kasisahan namu-namu = awang-awang silastuti = tuladha, palupi 74.andurkara = ngresahi, mungel anaur = nyaur awon tatir = rahsa, raos 75.pepeceh = pepacuh, piwucal karuhun = rumiyin pranatan lengkep = jangkep 76.tanas = dhadhasar andor = maiben wiyata = piwucal twijara = pandhita 77. tawing = aling-aling nitya = mripat, tingal kawiryan = kamukten, kaluhuran 78. wuntat = pawingking nanantya = nguwuh 79. andani = anyaéni kretiyasa = tiyang andon tulakang = sapawingking padamelan, priyantun 80. taluwanwa = dalajat awon 81. kretyawan = kaluwihan talutuh = rereged 82. lengis = paès lengkawa = téja anor = asor sinudarsana = tinulad, tinuladha 83. dumon = manggèn bangkit = saged 84. lumingling = mandeng, nyawang kajatin = katemenan garjita = bingah, angen-angen kawuh = kaduk tulya = saèstu, temen, yektos kujanapapa = sangsara lengka = pait, langu twasa = manah, karep 85. kawanin = kakendelan sosoba = kasaénan, bingah swawara = pangajeng sawegung = sadayanipun 86. kanin = tatu kadrasa = kailènan kanon = katingal taluwanwa = dalajat awon 87. durniti = mengsah, pandamel awon dumarusa = ndarung diggama = paéka wiruda = pamrawasa daridya = nistha, asor katala = katiwasan 88. sawawi = sambada saniskara = samukawis ngawirya = ngaluhur, mulya 89. dumi = dumèh dériti = sugal, diksura kawaba = kuwagang 90. kawathi = rahsa, wados suba = kaormatan sengkung = umuk pramoda = uger-uger 91. twasa = manah, karep dureta = durta, awon 92. kretyawan = kaluwihan twijara = pandhita parnoh = crobo dwija = guru 93. sudarsa = tuladha tatakya = tapa, nglampahi 94. tallapi = mendheti kawirya = luhur, mukti 95. durniminta = margi/tenger awon soroh = ambabarang puwara = bibar, risak garwakara = deksura, sugal galu = pracéka 96. kawuh = kaduk roga = panandhang 97. singgih = inggil, luhur mirungga = miji andon = ulah, tingkah dura = awon, nglengkara 98. puraya = kadhaton saraga = susah drasa = mili, sanget kasmala = memala, sasakit datarpa = boten mawi duwus = tepis katala = katiwasan 99. gardhawari = silih-asih pringga = èwed, pakèwed kawaba = kuwagang dardya = asih 100. durcara = wicanten awon tulakang = pawingking 101. kawa-kawa = mangu-mangu lungit = landhep, lancip 102. acedhis = lethek, dharidhis 103. wastu = èstu, jangkep saranta = sabar, aso 104. priyatni = wiwéka, ènget pranamya = manah linangkung parnoh = crobo paraya = budi, manah garjita = bingah, angen-angen pradana = sugih 105. mardawa = sabar, sarèh 106. palupi = tuladha ngawirya = ngaluhur, mulya puruhita = guru paramatatya = putus ing kaluwihan puru-puru = mangu-mangu piroga = panandhang 107. réwanda = kethèk saranggon = sagrombolan dhasta = awon 108. drubiksa = buta wasita = piwucal 109. sampun trawaca 110. sampun trawaca 111. puraya = kadhaton wèstu = lestantun 112. dumarusa = ndarung hartaka = bandha, donya dhatu = ratu prana = manah 113. sampun trawaca 114. dériti = sugal, diksura sudarpa = kalangkung- langkung sidikara = pujamantra, puja susmaya = suci, kalangkung 115. langking = garing 116. sonya = sepi, jinem, tidhem 117. sampun trawaca 118. sampun trawaca 119. sampun trawaca 120. sampun trawaca 121. sampun trawaca 122. kintaki = serat 123. sampun trawaca 124. sampun trawaca 125. sampun trawaca 126. durniti = lampah awon wisdhi = sedya 127. sampun trawaca
[Soneta Indonesia] – [B Subandrijo]
|
Copyright© soneta.org 2004For problems or questions regarding this web contact [admin@soneta.org] Last updated: 03/10/2007
|