Djoko Rahardjo 01 Anane Ana 02 Utaminipun Tiyang Gesang 03 Duh Gusti 04 Lembah Cilember Cisarua Bogor ***************************************************************************************************************************
Ananè ana iku Saka kang ora ana Trep patrapè kaagem Tinarbuka intinè Sumrambah marang titah Kagem karahayuan Lan kasantosaning tyas Jakarta, H/11/11/1992
Utaminipun tiyang gesang Kedah mangertosi wanci Titi wanci, swasana, zaman Isang sarwa, sumadya mawi Wates ingkang tipis lan samar Saking peteng dateng pajar Saking sisah dateng sentosaning rahayu
Sesampunipun mangertosi keindahaning darma Waged langkung dewasa ginugahing raos Tumungkul datang Gusti Lan waged Ngantunggalaken dateng swasaning alam Linangkung malih waged Nyumantaaken dateng kawicaksanaan Gung Ugi nglereb raos harda dados kaweningan kang ginurit Handadosna kesiapaning diri hamundi karsa Gung
Titi lampahing Raos kang wus miyos dewasa Hanjalari miyosè cakraming diri Kang katon cumlorot tumapakè ing kaindahaning lampah Trep mantep Nyrambahi dating pamong mitra tuwin Negari Mijarakè ugo hambikakna pra titah dateng pepajar jati Hanuntun lampah titah dating lampah kautamen Paring wareging padaran ugi batas sesami
Margi sampun Nyetosi kaendahaning karsa Gung Tumapak Sarwa pasrah ngandelaken emutipun dateng Gusti Mboten ngoyoworo ing tindak pangucapipun Trimah atudung ron klaras lan ateken tebu wulung Nindakaken kayektènan dating sih Dharma Gung kang tumedak Kinantènan kawaspadan Nyetitaken lampah dateng patrap lan pakem Nuli waged Nyumilakaken pedut dateng pajaring lampah Jakarta, H7/14/11/1992
Duh Gusti … Sungkem sembah sewu, katur Paduka Gusti … Nuwun sewu-sewu sembah kawula Saking raos kang ginolong gilik lan nyawijji, kawula alit Ginugat ginurit, Nyuwun sih Asihipun Gusti … Kagem hambikaaken Netra Kumalasarinipun pra pimpinan Ing Negari, bab pra kawula alt sampun sami ngetos waspada
Mrang panandang kang kapundi, kang Sampun Mawantu-wantu Kiniring mobah mosiking Bumi dalah isinipun Jer puniko kinodrat saking sih hing jawata Kawula hanamung sak asuku jaja ateken jangga
Duh Gusti … Hanamung Paduka ingkeng ngertos sak ngertosipun kaèndahan jati Kawula siniwaka, hamundi karsa Gung kang Dumawah, Ing panyuwun kawula alit katuntuna dateng margi kang yektos Wageto paring pepajar ing tindak sami … Nuli wageto ngemot momot ing Bebrayan sami Mrih rahayu ugi Sentosaning Lempah ing Nagri
Sajak Syair kang tumeko saka prenteling Geter Raos! Jakarta, 27 November 1992
04 Lembah Cilember Cisarua Bogor Menawi bade anggayuh tebih kedah mangertosi mulo bukanipun Ketingal anarwang saking wetan, njeng Panembahan Senopati, Paring sesuluh saha daya ( mrang bn? saenipun sowan? ) Jumbuhing Cakra mandireng pribadi … Dadi sumbering rahayu kang kinayungan dening Gusti Nata kumataning tindak kang tumatan … Saka jumbuhe … karsa rasa cipta kang tuwuh Cakra mandireng pribadi Manawa wus ngancik mangkono, sawisa adamel dalem AGUNG
Salam taklim, rahayu-rahayu, ing pamuji sami! Kintunan saking Tebet Barat Dalam IIF / 23.
|
Copyright©soneta.org 2004
|